Pages

Wednesday, April 13, 2016

Purwakanthi Swara, Sastra, Lumaksita

Purwakanthi iku tegese runtute Swara, Sastra, sarta tambung kang ana ing ngarep karo Swara, Sastra, lan tembung kang ana ing mburine. Purwakanthi kaperang dadi telu, yaiku :

1.) Purwakanthi Guru Swara = Purwakanthi kang adhedhasar runtute swara sing ana ing ngarep karo swara sing ana ing mburine. Tuladha : a.) Watak putri kudu gemi setiti ngati-ngati (Swara i) b.) Ana awan, ana pangan (swara an) c.) Kembang menur tinandur tepining sumur (swara ur)

2.) Purwakanthi Guru Sastra = Purwakanthi kang adhedhasar runtute sastra (konsonan) sing ana ing ngarep karo sastra sing ana ing mburine. Tuladha : a.) Tatag, teteg, bakal tutug (sastra t) b.) Sluman slumun slamet ( sastra sl) c.) Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang kaling (sastra k)

3.) Purwakanthi Lumaksita = Purwakanthi kang adhedhasar runtute tembung sing ana ngarep karo tembung sing ana mburine. Tuladha : a.) Kolik priya, priya gung anjani putra (trmbung priya) b.) Nandhang lara, larane wong lara lapa (tembung lara) c.) Rujak degan, degane krambil ijo (tembung degan)

*) Sekian, Semoga Membantu:) :) :)

No comments:

Post a Comment